Kaca:Layang Panantang.pdf/77

Kaca iki wis divalidasi
SING URIP JRONING ATIKU

dudu impen kadaradasih
yen esuk iki aku nemu gurit
ing mripatmu
jalaran tetesing bun
ora nate aweh tengara
yen abure merak sing biyen kedhungsangan
saiki bali menyag kurungan
sinambi ngiwi-iwi mbebedha ati ketiga
sing seprana-seprene gumlethak
ing antarane wengi-wengi sepi
tanpa ana obahing kangen
sing njalari ati gumregah polah
ngungak jagad anyar kebak kembang-kembang mekar
ngretiya ngono dak jareke bae
kluruke sing jago kate
sing nawakake obor blarak
coloking laku sapecak
nalika wengi durung sumilah
ah, nanging urip iki nyakra manggilingan
aku trima nintingi guritanmu
sing saiki urip jroning atiku

Ponorogo, 2008

LAYANG PANANTANG

65