Kaca:Layang Panantang.pdf/78

Kaca iki wis divalidasi
NINTINGI TEMBUNG KANGEN


kangenku kaya ketiga
sing kepengin weruh gebyaring thathit
ginugah sumiliring angin sore
sing nyebar kabar jingga
lumantar aruming melathi rinonce

kangenku marang (aku)

sing biyen tanpa leren mecah kasepen
lumantar swara ombak
kang gumulung atimu
sing bryen wani kedhungsangan mecala galengan
Senajan panase srengenge
ngobong bun-bunan
sing biyen wani nrajang sepi
ngoyak kelipe konang
kang gawe cangkriman ing pategalan

kangenku kaya ketiga sing kepengin weruh
gebyaring thathit

Ponorogo, 2008

66

LAYANG PANANTANG