Kaca:Layang Panantang.pdf/8

Kaca iki wis divalidasi

bakal ana gunane kanggo anak putu. Paling ora bisa menehi warisan ngenani cathetan jaman sing ora bakal kabusak dening owah gingsiring kahanan.

Mula saka kuwi aku kepengin banget geguritanku bisa dadi sawijining buku. Satemene wis akeh wong utawa saweneh pihak sing kandha arep nerbitake. Nanging bareng dak entani kabeh mau mung kandheg ing tembung. Nganti seprene durung ana nyatane. Atiku lagi cumeplong nalika Balai Bahasa Surabaya lumantar kadang Mashuri ngabari aku yen siap nerbitake antologi geguritanku.

Penggurit
Sumono Sandy Asmoro

vi

LAYANG PANANTANG

v