Kaca:Layang Panantang.pdf/80

Kaca iki wis divalidasi
NIYAT WENING

saka banyu bening
suguhanmu
aku weruh niyat wening
saka tulusing atimu
sing sumadya mungkasi crita wengi
kebak pepali
lumantar swara jago kluruk
lan tumutesing bun-bun esuk
pancen tanpa guna ndedawa lara
sinambi ndhedher rasa cubriya
marang rembulan sesigar kaling-kalingan mega

saka banyu bening
suguhanmu
aku weruh niyat wening
saka tulusing atimu
nalika ana cahya kuning
sinangkling
mrambat ing sadawane rambutmu

Ponorogo, 12 Februari 2005

68

LAYANG PANANTANG