Kaca:Layang Panantang.pdf/81

Kaca iki wis divalidasi
PUPUH PAMITAN

kunci sak gemboke wis dak balekake
menga lan menepe lawangmu
wis dudu tanggung jawabku
ing wengi iki
sikilku tumapak mecah sepi
ngetut cahyane rembulan
sing dhoyong mangulon
ngretiya
bareng karo pungkasane lelakonmu iki
critaku sing sejati isih bakal dak wiwiti

Ponorogo, 21 April 2003

LAYANG PANANTANG

69