Kaca:Layang Panantang.pdf/82

Kaca iki wis divalidasi
MELATHI RINONCE

kepengin rasane nyangking melathi rinonce
banjur dak kalungake ing gulumu
minangka sulih lan gantine
ora mara sanja ing dina ulang taunmu
nemlikur taun
mesthi saya tambah ayu sliramu
saya tambah landhung napasmu
kaya dene susuhe angin
sing ora bakal rumangsa garing
senajan saben mangsa
kudu lelana mbrengkali lungka ketiga
sing kena disurasa

nemlikur taun
mesthi saya tambah seger pasuryanmu
senajan thukul saka winih kang kasisih
nanging isih bisa mekar ngrembaka
kaya dene pethetan ing taman
sing tansah mbabak kaendahan

nemlikur taun
saya dawa jangkahmu
pindha menjangan
wasis mlompat, nyasak eri bebondhotan
sinambi nguber gegayuhan sing isih sinengker jaman

Jakarta, 15 Desember 2005

70

LAYANG PANANTANG