Kaca:Layang Panantang.pdf/84

Kaca iki wis divalidasi

TEMBANG PANGRUWATAN


dak oyak saben obahing kayon
mburu susuhing angin
parandene durung ana tresna kang katon
ing antarane pang-pang garing

ana ngendi disingitake ocehing jalak
sing biyen nate crita perkara janji ketiga
rikala ngumandhanging pupuh tembang pangruwatan
disenggaki bocah dolanan
sinambi adus sunar rembulan

dak oyak saben obahing kayon
mburu susuhing angin
mbokmenawa mbarengi tetesing bun-bun ketiga
ana pupus sing isih gelem trubus
gawe segere pangrasa mekare panggantha
sing sasuwene iki garing
tan sinempyok sumilire angin

Jakarta, gagat rahina 2006

72

LAYANG PANANTANG