Kaca:Layang Panantang.pdf/85

Kaca iki wis divalidasi

MEDHITASI LANGIT


sumamburat abang ing cahyane rembulan
kae getihku sing kutah
nalika gontok-gontokan
rebutan bumbung sakluwung
isi wewadine langit
nalika lesung tengara tekane grahana
wis tan muni tinabuh

Jakarta, Desember 2005

LAYANG PANANTANG

73