Kaca:Layang Panantang.pdf/86

Kaca iki wis divalidasi
SOKALIMA 2006
(cathetan satriya awangga)}}



pendhapa ngarep sepi nalika aku nginceng saka
sandhing pethetan, samburine beteng
pendhawa lan kurawa lagi dolanan domino sinambi
ngombe tuwak ngguyu lakak-lakak
druna, sang guru lagi nampa tamu

sabubare kuwi bendhe muni
blabar kawat kentheng waja wis tumata
pendadaran diwiwiti

ah, satriya sing uripe kajen keringan
jebul tandange
ora beda adoh karo wong pidak pedarakan
aku nrambul ing palagan pendhawa dak tantang
senajan aku uga putrane dewi kunthi
nanging apa salah yen saiki nyawiji
karo ponak-ponakane sengkuni
sing wis menehi aku kalungguhan senapati?

urip pancen pindhane cangkriman
batangane rinegem kenceng ing asta-Ne
drunaaa...!
yen jemparing iki uwal saka kendhenge
sapa sing bakal sigar dhadhane!?

Jakarta, Januari 2006

74

LAYANG PANANTANG