Kaca:Layang Panantang.pdf/88

Kaca iki wis divalidasi
REREPEN TEMBANG PANGUMBARAN


isih dumeling ing kuping
sakabehing pitutur lan piweling
duk kalane aku ngangsu banyu wening
ing sendhang pawitranmu
biyen ana rekasa sing ora ateges sengsara
ana pangudarasa sing ora crita panalangsa
ana tangis sing dudu tunggale susah
ana esem senajan ora wancine bungah

kabeh mau jebul jamu racikanmu
kanggo tamba rojah-rajehing tatu
sawise ajar nyasak eri bebondhotaning laku

biyen dak tampa pepadhang
sing dudu padhange awan
nalika aku jroning pepeteng
sing dudu petenge wengi

saiki wis dak saring bening dak trawang damang
sakabehing wewarah wewangsonmu
saka kadohan dak suwun donga pangestu
muga sembada anggonku ngayahi sesanggeman
mecaki simpangan dalan kasunyatan
sinambi mangsuli panantange jaman

Ponorogo, Pungkasaning Juni 2005

76

LAYANG PANANTANG