Kaca iki wis divalidasi
- TANPA CAKEPAN
playuku ngoyak angin
nyangking tembang sing ilang
cakepane
kepalang jati ngarang
papane manuk platuk gawe
gowokan
ing kono sing ana
mung oceh tanpa wirama
parandene disubya-subya
tanpa beda temanten anyar
sing lagi ngresepi
werdine kembar mayang
rinengga pepaesan kembang
sawetara iku angin sore
saya banter playune
lan sagatra tembang tanpa cakepan
isih gawang-gawang
cat katon cat ilang
kecelik ing waliking candhikala
kinukup gendhinge wong semaya
Ponorogo, pungkasan taun 2004
LAYANG PANANTANG
77