Kaca:Layang Panantang.pdf/90

Kaca iki wis divalidasi
MENDHUNG TUMLAWUNG


ora perlu bingung
iki wancine mendhung tumlawung
theyot-theblung
theyot-theblung
ing blumbang kodhok ngorek gawe liwung

begjane tani utun
isth kober nandur pohung lan
jagung
esuk ngukup kulup lembayung
bengine diuran-urani swara walang kadung

iki wancine mendhung tumlawung
aja mutung krungu pait getiring tembung
sebab ing gedhung-gedhung:
akeh wong mendem kecubung
adhuh bapa, adhuh biyung
rambut dawa ora digelung
tekaku saderma tetulung
rampung gawene malah ditundhung

Ponorogo, Pungkasaning taun 2004

78

LAYANG PANANTANG