Kaca:Layang Panantang.pdf/92

Kaca iki wis divalidasi
AYANG-AYANG REMBULAN


katon maneh ayang-ayang rembulan
ing sanjerone gelas kothong
nalika rasa mumet ing sirah
durung ilang
wis ora ana maneh sing bisa dilangga
kanggo nutugake mendem gayeng
ing surup peteng iki
sawetara iku ayang-ayang rembulan
terus ngrangsang
kepengin dilangga menyang lambe
sing isih teteh nyuwara
ha-na-ca-ra-ka
iki mendemku
iki mabukku
sing terus jejogedan rinengga gendhing dolanan
jroning kalangan asli
nalika ing adoh kana wong-wong keli
ing ulegane arus westernisasi

Ponorogo, April 2005

80

LAYANG PANANTANG