Kaca:Layang Panantang.pdf/93

Kaca iki wis divalidasi
LANGGAM KETIGA


bali dak eluk tumelung ing pangkon
angen-angen ngrangsang
sing biyen nantang awang-awang
wis ora ana sing bisa diandelake
saka kacang sing kelangan lanjaran
pedah apa mrambat kayu cendhana
sundhul angkasa

yen beteke mung golek kuncara
luwth becik pasrah
urip ing sandhuwuring lemah
gawe lung-lung anyar
samangsa srengenge sumunar kencar-kencar

Ponorogo, April 2005

LAYANG PANANTANG

81