Kaca:Layang Panantang.pdf/94

Kaca iki wis divalidasi
LANGGAM WENGI, 1


wengi sing lungkrah nyingitake rasa kangen
marang gumebyare hawa kutha
sing nate ngajak playon
ngoyak angen-angen kumleyang
sadawane trotoar
ing kono gumebyare lampu-lampu dalan
kaya lagi pasang sawijining cangknman
yen bengi lan awan
ora mung perkara peteng utawa
padhang
sawayah-wayah napas-napas lawas
bisa gumregah
polah ninting! werdining pangimpen
sing saben-saben mrambat ing sadawane rambut
kalamun mrucut mung bisa diwadhahi
nganggo atine dhewe-ihewe

Ponorogo, Maret 2005

82

LAYANG PANANTANG