Kaca:Layang Panantang.pdf/95

Kaca iki wis divalidasi
LANGGAM WENGI, 2


kudu dak ambali sepisan engkas
anggonku ngubengake gelas
mbandari ngombe arak sendhen cagak
jalaran kalangan iki isih mbutuhake
wong mendem
sing saguh ora mikir perkara
adus, mangan, lan ganti sandhangan
butuhe mung sila methekel
ngadhep keblat papat lima pancer
mripat nyawang awang-awang
ngudang rembulan
sinenggakan lambe ndremimil
ngeja ha na ca ra ka
ka ra ca na ha

kudu dak ambali sepisan engkas
anggonku ngubengake gelas
karoben werdining wengi
ora mung ilang ing bantal pagulingan
jalaran sesuk esuk bun sing bakal tumetes
isih ngenteni tutuge lakon sepi
ing wengi sing kebak pepali iki

Jakarta, September 2005

LAYANG PANANTANG

83