Kaca:Layang Panantang.pdf/96

Kaca iki wis divalidasi
ING PUCUK LANGIT


manjer pandulu ing pucuk langit
kaya ana sing polah ing antarane
ngregemeng petenge mendhung ireng
jebul ora kabeh rumangsa kerasan
lungguh ngethekur ing papan dhuwur
nyatane ana sing saguh gogrog
satetes mbaka satetes
nyawiji karo suket-suket teki
kang sumebar ing salumahing bumi

manjer pandulu ing pucuk langit
isih ana salarik pitakon kang sumlempit
yen papan bawera iki pancen merdika
kanggo sakabehing swara
yagene sunaring srengenge
ora kabeh bisa ngrasakake?

Ponorogo, Maret 2005

84

LAYANG PANANTANG