Kaca:Layang Panantang.pdf/97

Kaca iki wis divalidasi
SWARA JAGO KLURUK


swara jago kluruk miyak watese wengi lan esuk
ing sisih wetan ngegla cahya mbranang padhang
peparing-E
sanalika gawe gumregahe ati rengka
tetaunan ngliwati dina sepa kebak panggodha

swara jago kluruk mungkasi kamurkane
uler-uler serit ngrangsang tjone gegodhongan
jroning alas jati kebak wewadi
mungkasi panalangsane enthung-enthung
gumantung kelangan petung

swara jago kluruk mbabar
lumakune crita-crita anyar
jroning panggung sandhiwara tanpa layar

Ponorogo, Nopember 2008

LAYANG PANANTANG

85