Kaca:Layang Panantang.pdf/98

Kaca iki wis divalidasi
MAPAG LAIRE SRENGENGE


sawise ana jago kluruk
esuk
nalika pang trembesi rame ocehing manuk

sawise suket-suket teles ketiban bun-bun
esuk
nalika pedhut klawu ngreridhu laku

ing sawijining esuk
aku mbukak lawang pangarep-arep
ngetung munggah mudhune karep

nalika ing cakruk
wis ora tinemu wong thenguk-thenguk
nalika ing sadawane laku
wis ora keprungu swara umuk
aku mapag laire srengenge
wangine rambutmu sing ngancani
nata dina-dina mburi kebak pangaji

Ponorogo, 2008

86

LAYANG PANANTANG