Kaca:Lintang Biru.pdf/12

Kaca iki wis divalidasi

siji maneh netepi lakoneng urip ngudi marang
pangroso jati,
sumeler lebur marang jatineng panggrahita.

Desaku

Katon endah yen disawang
katon endah yen dinulu
gede jasamu marang aku
nadyan adoh dunungmu
mecil ing sileileng
merbabu nang long
tantrah kadalu ing ati
lan angan-anganku tansah sliramu
kang tansah awe-awe
meng pikiranku aku ora bisa
nglalekke lelabuhanmu lan uga
kang tansah gawe
makmur ing desaku

Rembulan Wengi

Rembulan wengi iki
ndelik isin-isin ing mburi mego
lintang cilik sing akeh
ing kiwo tengene
katon nambahi apik
kahanan langit wengi iki

4