Kaca:Lintang Biru.pdf/13

Kaca iki wis divalidasi

Lintang ...
tetepa kowe apik-apik langit kang ireng
ing dhuwur kuwi
kancanana bulan
bunder kuwi

Bulan
padhangana wengiku iki
hiasana langit kuwi
tetepa kowe ing kana
nganti esuk wis teka
lan sengenge nganteke
sliramu madhangi awanku

Srakah

Nalika ana tikus ngrembah biyayah
nyrambah sawah apa dene omah
anane mung tansah gawe susah
nalika tandur ijo sumringah
di rencak lan dikemah-kemah
gabah jroning goni dibabah

Pancen tikus iku kewan srakah
mula prayoga enggal di brastha
aja nganti ngambra-ambra
supaya ora akeh kaya dhek semana
petani dadi makmur lan sentosa

5