Kaca:Lintang Biru.pdf/24

Kaca iki wis divalidasi

Nanging apa buktine
tanggung jawab apa kang dibuktekake?
janji endi kang bener?
apa ana buktine?

Sebutan apa kang becik
kanggo panguwasa kang nyengsarakake
kanggo rakyat, bangsa lan negara
kapan indonesia maju?

Dadi Murid

Aku kudu dadi murid teladan
murid kang luhur budine
luhur pekertine
lan murid kang ...

rawe-rawe rantas
malang-malang putung
kabeh kang ngalang-alang,
ayo dibrantas kanthi premati

Becik dituladhani Ki Hajar Dewantara
Ing ngarsa sung tuladha
Ing madya mangun karsa
Tut Wuri Handayani

16