Kaca:Lintang Biru.pdf/28

Kaca iki wis divalidasi

Aku iki dinistha,
diidoni ana tengahing panase srengenge
dilokke lan diasorake
nalika aku bisa bebas ambegan
manging aku ora bakal leno,
ora bakal nglokro

Gusti tetep ngerti tumindakku
menehi panguripan marang aku
kadhang kala ireng utawa putih tetep taktampa
Gusti ora nate kendel
Gusti sing ngyayomi lan nulung kanti lantaran
merga aku percaya bilih Gusti ora sare

Rusaking Alam

Alam, lumantar Gusti kang paring sira panguripan
Lumantar sumber pangan kang akeh
Lumantar alas kang paring kamardikan
olehmu ambegan
Lumantar banyu saka pirang-pirang arah,
kang bisa nguripke tanduranmu
Alam, ora nate akeh golek
Alam menehi kamardikan kanggo menungsa ing
donya,
supaya uripe kacukupan
Nanging, sawetara alam ngrasa dilarani,
dimaling, dijaluk peksa, ngotot
Rusaking alam merga manungsa
Rusaking alam nuwuhake bencana
Banjir, longsor, lan sapanunggalane

20