Kaca:Lintang Biru.pdf/29

Kaca iki wis divalidasi

Aja nganti alam lara maneh,
Merga Gusti bakal menehi balesan kang
sakmurwat

Pados Ilmu

Lintang kang gumebyar,
ijoning alas,
agunge bagaskara,
kuwi kabeh bisa dadi sangu,
sangu anggonku sinau,
sangu anggonku mbangun bangsa
aku ora bakal lena anggonku sinau
aku kudu bisa nggopek langit
mula aku tekad, golek ilmu tekan negari cina

Bapak Ki Hajar Dewantara,
Aku putra bangsa,
Aku ora bakal lena anggonku sinau
Kayata perjuanganmu
Merga aku ngerti, aku kudu bisa mbangun bangsa
Bangsa kang perlu para putra kang pinter,
supaya ora gumantung marang wong manca

Sekar ing Atiku

Sekar kang ana ing atiku,
dudu mawar,dudu lili
Sekar kang ana ing atiku,
ngluwihi warna kang ana ing pelangi

21