Kaca:Lintang Biru.pdf/31

Kaca iki wis divalidasi
EVA MAULIDA
SMP Negeri 1 Imogiri

Dina iki

Esuk, awan, sore, wengi
Campur bawur, kebak, brebegi
Dadi siji ing awak iki
Seseg dak rasakake

Suda siji tambah siji
Tan ana kang ngerti
Ilang lima metu lima
Dak buwang ora kuwasa
Sumpeg tan bisa lunga

Werna — werna rupane
Dina iki dadi suwe
Beda — beda wewangunane
Dina iki mbingungake
Kebak guyu ngaruhake
Nlesep nentremake

Siji bisane
Ndonga marang Gusti
Nguwatake jiwa iki
Tan bisa lali
Sejarahing dina iki

23