Kaca:Lintang Biru.pdf/32

Kaca iki wis divalidasi

Sliramu

Jam iki rendhet
Pikiran buntet
Atiku kejiret
Ragaku gumreget
Kelingan sliramu

Bungah tan bisa kegambar
Sumringah, gumregah, bubrah
Kangen pengin ketemu
Amarga sliramu
Aku tan bisa turu

Kartini

Wanita kang arum gandane
Madhangi kabeh para wadon
Mbedhal pagering wewaton
Ngudi ngelmu ana ing pasinaon
Dadi wanita kang pinunjul
Kang tansah ngresepake

Kang bisa njembarake jagading wanita
Aku tansah eling
Aku tansah syukur
Aku tansah ndedonga
Muga - muga tumeka saiki
Isih ana kartini — kartini mudha
Kang bisa nggawa
Aruming bangsa lan negara

24