Kaca:Lintang Biru.pdf/34

Kaca iki wis divalidasi

Apa kang dikandhakake?
Aku ora ngerti
Apa kang ditembangake?
Uga ora ngerti
Sing ngerti mung wengi
Jangkrik sindene
Kodok wiragane
Sawah panggunge
Kepenak dirungokake
Rukun dak rasakake
Wengi saisine
Marang swara kang nrenyuhake

26