Kaca:Lintang Biru.pdf/37

Kaca iki wis divalidasi

Wong sing keplok ora tombok iku,
Ora bedo karo maling
Maling iku gelem becikke
Nanging ora gelem busikke

Seneng atine
Mogel ilate
Gawe sengsara manungsa

Kanca,urip iku
Mung sepisan, mung sedhela
Mula,
Aja seneng tumindak ala,
Aja seneng keplok ora tombok
Amarga kuwi kabeh ora becik

Pati

Nalika sangkakala didamu
Marang malaikat Israfil
Ing sakedheping netra
Jagad iki bakal remuk
Kaya godhong garing
Sing disapu angin

Manungsa ing donya
Mung bisa pasrah
Ora bisa polah
Pasrah marang Gusti
Kang Maha Kuasa

29