Kaca:Lintang Biru.pdf/4

Kaca iki wis divalidasi
PURWAKA

Ngarang utawa nulis crita iku mujudake salah sijining pakaryan kang wigati ing donyaning kasusastran. Kanthi karangan (tulisan) mau, manungsa bisa nuduhake daya cipta lan kewasisane. Eman, awit pangaribawaning jaman kang saya maju, karya sastra dadi kurang populer, luwih-luwih bentuk-bentuk karangan basa Jawa kaya dene geguritan durung dikenal cedhak ana ing sekolah-sekolah. Supaya sastra Jawa (guritan) bisa dikenal kanthi cedhak ana ing masarakat Jawa, pembinaan lan pelatihan sastra kudu katindakake lan kaundhakake. Budidaya mau kaajab bisa ngopeni lan memetri sastra Jawa. Malah kaajab bisa ngrembakakake sastra Jawa kanthi tumata.

Kanggo mujudake kabeh budidaya mau, Balai Bahasa Yogyakarta ngadani kegiyatan Bengkel Sastra Jawa. Bengkel sastra Jawa mau diadani saben setaun sepisan. Ananging, awit dana (beya) kang winates sarta kukubaning Balai Bahasa kang amba, kegiyatan bengkel mau ora bisa diadani ing saenggon bae. Mula, supaya adil, saben tahun, bengkel sastra pindhah ana ing papan liya. Ing tahun 2008 iki, bengkel sastra Jawa manggon ing Kabupaten Bantul lan miji siswa SMP minangka sasarane.

Ing pungkasaning acara bengkel, para siswa kaajab bisa nulis karya kang awujud antologi. Muga-muga, kanthi babaring antologi kang ditengeri irah-irahan Lintang Biru iki, budidayaning Balai Bahasa Yogyakarta kanggo

iii