Kaca:Lintang Biru.pdf/41

Kaca iki wis divalidasi
FAHMI AHMADA
SMP negeri 1 Imogiri

Tsunami

Byar-byur-byar-byur!
Swara ombak kang lagi ngamuk.
Wedhi,watu,lan karang sing ora duwe dosa kentut
kena amuk
Apa salahe?
Apa sebabe?
Yen didelok saka gisik,
ana wit-witan krambil sing njaga kowe.
Sekar-sekar sing endah,
sing sok ngajak kowe nembang lan njoged
bebarengan.
Srengenge ndelengke kowe karo mesam-mesem.
Nanging apa balesanmu?
Swara lan polahmu gawe prau-prau padha
jempalikan,
omah-omah padha mrethel
wit-witan padha ambruk
wong-wong padha bengok-bengok njaluk tulung!
O...alah,
iki gek lelakon apa?
Apa iki sing jenenge tsunami...?

Rasane Apa?

Dina iki aku wegah mangan
Wayah iki aku memeng jajan

33