Kaca:Lintang Biru.pdf/45

Kaca iki wis divalidasi

Kreweng....
Kowe kaidak-idak dening rodhane wektu
Bali maneh menyang dunungmu
Wis ora bisa ngiyupi sapadha-padha
Njalari donya iki dadi panas sumelet

Sruling

Swaramu nyigar sepining wengi
Ndadekake ati tentrem, ayem
ngguwak rasa senep
Kang ngganjeli atiku

Sruling ...
Wujudmu kang ayu
Ngresikke pikiranku saka sangkrah
Nuwuhake donya iki dadi seger, sepi nyenyet

Walang Kadung

Rupamu kang ijo royo-royo
Nuwuhake ati tentrem, ayem
Wujudmu kang cilik menthik
Trima dadi pakan kewan-kewan giras
Uripmu ora tau kepenak
Di rusuhi jaman, kewan, kahanan sumpeg,
Saiki umurku entek ...gigis
Dipangan gilingane jaman edan

37