Kaca:Lintang Biru.pdf/50

Kaca iki wis divalidasi

He.. manungsa
Donya iki amung sauntara
Aja nambahi dosa
Padha tumindako kang isa nambani krajan iki
Supaya krajan iki dadi tentrem

Waspadakna Donya Iki

Donya kang gedhe iki wis rusak
Kendaraan kang padha bludak
Manungsa wis ora duwe rasa kamanungsan
Nambahi rasa kang keiris iki
Kahuripan sing tentrem dadi peteng leliwengan
Prahara kono-kene tan ana kendhate
Alas wit-witan padha ilang
Dening tangan manungsa
Sing ora ngerti tanggung jawab
Lan ora mikir apata akibate
E... para kanca
Anom lan tua
Padha sadaro
Donya iki ciptaane Gusti kang Maha Kuasa
Maula padha dijaga
Kanthi dhasar agama
Benne donya akhirate mulya

42