Kaca:Lintang Biru.pdf/55

Kaca iki wis divalidasi
NUR INA WULANSARI
SMP Negeri 3 Bantul

Kebo

Kewan kang dianggap asor
Gedhe awake nanging ciut pikire
Bisane mung ngluku nggaru
Manut karo sapa wae
Mula aja kaya kebo
Kebo iku kewan sing bodho
Yen kowe kaya kebo
Dadi bodho longa-longo
Urep ora bakal maju
Malah seret lan bundet

Kawruh

Kanca,
Saiki wis jamane globalisasi
Kabeh kudu bisa saingan
Kita kudu pinter
Kareben ora kalah karo wong manca
Aja nganti Indonesia dijajah maneh
Kita kudu bisa dadi generasi unggul
Aja dadi sampah masyarakat
Mula kita kudu meguru
Meguru golek kawruh sing becik
Kareben Indonesia bisa maju
Bisa madhani derajate negara manca

47