Kaca:Lintang Biru.pdf/59

Kaca iki wis divalidasi

Ibu gela,
nggetuni mangsa kepungkur
awit wus nggendhekake putra durja
putra kang ora bekti mring ibu pertiwi
wus njarah lan ngrusak pasugihane alam

Ibu, pengin dakusap banyu kang mili ing pipimu
nanging apa bisa?
Putra durja angarep-arep lunturing sih

Ibu pertiwi,
Kanthi andhap, dalem nyuwun gunging
pangaksama |
Pituturmu bakal dak ugemi nganthi tumekaning
pati
Kanggo bektiku mring ibu pertiwi
Lan wujud sih katresnanku mring nuswantara

Sungkem Kagem Ibu

Kanthi rasa kang bisa medhot uripmu
rasa kang nora bisa digambarake larane
Lelabuhan kang ngetohake nyawamu

rasa lara datan rinasa
susahmu ilang dadi bungah
kanthi pangajab mring Gusti
“mugi dadi wong migunani”

iku sakcuwil gambaran pengorbanan
perjuangane ibu mring putrane

51