Kaca:Lintang Biru.pdf/67

Kaca iki wis divalidasi

Nggunakake Wektu

Dadiya wong kang
Sregep sinau
Ojo mung jagongan
Kakehan guyu
Ora ana bayi
Kok apa-apa wis ngerti
Wong pinter iku
Agung lan mulya
Dene wong bodho mau
Asor lan ina
Kelebu kapitunan
Wektu ora kanggo kabecikan
Tambah umure
Nanging ora tambah ilmune

Siksane Wong kang Ora Sholat

Rasane wong ninggalake solat
Ana kubur sambat-sambat
Anggone sambat ngaruara
Mlebu kubur cokot ula
Bendune Allah kang ditampa
Bisa-bisa dilebokake neraka
Wiwit alam Barzah nampa siksa
Neng neraka Wail luwih lara

59