Kaca:Lintang Biru.pdf/70

Kaca iki wis divalidasi

Candhi Borobudur

Rasa kangen ing atiku
Nambahi gedhene tekadku
Ing Muntilan anggonku nuju
Kanggo nyawang endahe awakmu

Suwene anggonmu madeg ing kana
Ndadekna wisata kanggo wong manca
Kaluwih dadi kebanggaan ing donya
Candi Borobudur kang gedhe lan prakosa

Sepine Tanpa Kanca

Ing taman kang endah iki
Atiku tansah wedi lan sepi
Sanajan aku manungsa
Nanging aku butuh kanca

Kanca kang bisa micara
Lan bisa agawe santosa
Amarga urip tanpa kanca
Kayata urip ing jenggala

62