Kaca:Lintang Biru.pdf/71

Kaca iki wis divalidasi
SULISTYANI RAHMAH INDAH P.
SMP Negeri 3 Sewon

Pepeling ing Wayah Wengi

Rikala tengah wengi kang sepi
Rembulan katon sumunar padhang
Lintang-lintang angebaki tawang
Ora krasa pikirku ngrambyang,
Ngrasakke kahanan kang sinawang

Negara lan praja nembe sengsara
Banjir, lendhut, lindhu, lesus terus matumpa
Alam wis rusak merga polahe manungsa
Srakah, jarah rayah dumeh lagi kuwasa
Padha adigang adigung adiguna
Ora eling lestarine alam kudu dijaga
Ora eling wus nuwuhake prahara
Ora eling rakyate dadi sangsara
Kelangan, bandha donya, uga nyawa

Sejatine, apa kang wis dumadi
Kabeh pepeling saka Gusti Kang Maha Suci
Supaya manungsa padha ngabekti
Tansah manembah rina lan wengi
Ora kendhat anggone memuji
Rasa iri, drengki tansah disingkiri

Mula aja lali anggone ndedonga
Muga-muga prahara enggal sima
Nerusake padha tumandang karya

63