Kaca:Lintang Biru.pdf/76

Kaca iki wis divalidasi

Wong tuwa njaluk warah marang sing enom
Ananging iku ora ana sing ala
Sebab kuwi luwih prasaja

Anoman

Anoman iku apik budine
Sanajan kethek wujude
Nanging eloke seneng tetulung
Mula saka iku
Aja kongsi nyawang rupa
Amarga rupa iku kadhang kala beda karo isining ati
Ati kang suci wong akeh bakal nyedhaki

Manungsa

Manungsa iku diciptaake sing kuasa
Mula kudu manut prentahe
Manungsa ora ngerti urip lan matine
Amarga sing kuasa sing anentoake
Aja kongsi ninggalake shalat limang waktu
Nanging tinggalna larangane
Iku wajib hukume
Supaya slamet donya akhiratmu

68