Kaca iki wis divalidasi
VINNY RISTA WINURTIKA
SMP MATARAM
Guru
Becik bebudenmu
Aweh mring ngilmu
Gedhe lelabuhanmu
Marang sapa wae
Maringi pitutur mikolehi
Kebecikanmu kang tanpa winates
Dadi panuntun sapadha-padha
Aku bisa tresna lan sembada (kendel)
Amrih bisa nggayuh pamrihku (karep)
Murakabi banget piwulangmu
Ananging kena apa,
Budi luhurmu kang tanpa upama
Iku
Tanpa tanda jasa
Pancasila
Telungngatus seket (350) tahun
Lawase
Bangsa kita dijajah Walanda
Rakyat nalangsa lan sengsara
Diidak-idak rasa kamanungsane
69