Kaca:Lintang Biru.pdf/90

Kaca iki wis divalidasi
SINAU NULIS GEGURITAN
Dening: Iman Budhi Santosa.

Nulis geguritan sejatine ora angel, nanging uga ora kena diarani gampang. Angel tumrap sing durung bisa, gampang tumrap sing wis mumpuni. Dene kepriye wujude geguritan mau, mesthine para siswa wis akeh sing maca ing majalah, koran, utawa buku kang ngemot kasusastran Jawa. Geguritan ora beda karo puisi ing jagade sastra Indonesia, Basane wae sing beda. Puisi nganggo basa Indonesia, geguritan nggunakake basa Jawa. Dene carane nulis lan aturane prasasat padha. Dene contone geguritan kaya ing ngisor iki:

Sangsaya Adoh

Sangsaya adoh tebane crita
gunung lan segara, uyah lan sega,
angel tinemune,angel dilangga piye rasane
sawise rai-rai kabukak topenge

endi panantang sing biyen ngembrukake langit
lan sesorah kebak gula
kenangapa saiki suthik ndulit?
Apa dumeh wis nyekel panguwasa?

Prajurit sing tinggal glanggang
aji godhong jati aking

(Turiyo Ragil Putro, Jaka Lodhang: 15/2/2003).

82