Kaca:Lintang Biru.pdf/91

Kaca iki wis divalidasi
Dadi Sapu Gerang

dadi wingiting jemparing
aku wedi lamun kongas nigas janggan sapadha
dadi trojonge tumbak
aku sumelang lamun njojoh jejangkane liyan
kepara dadi sapu gerang
nrima manggon papan pakiwan, nanging
anjuru resiking plataran lan jogan

(Yan Tohari, Jaya Baya, 12/12/1993).


* Makalah ini disampaikan pada pelatihan Bengkel Sastra Jawa Balai Bahasa Yogyakarta, tgl. 13 April - 11 Mei 2008 di SMP Negeri I, Jetis, Bantul.

Semut

Kewan kang ngemu pitutur
senajan wujude cilik
segluguting kolang-kaling
ananging,
nduweni rasa kemanungsan

Semut beda karo manungsa
sepi ing pamrih rame ing gawe
yen antuk pangan ora dipek dhewe
digawa bareng-bareng
uga dipangan bebarengan

Manunga,
lumrahe awatak srakah
mung mikirake wudele dhewe

(Nur Susanty, Sekar Mlathi, 2005).

83