Kaca:Lintang Biru.pdf/94

Kaca iki wis divalidasi

2. Kepriye carane nulis geguritan

Yen dijlentrehake, wosing kahanan ing ndhuwur mau kira-kira bisa ditembungake kaya mengkene:

bocah pinter iku durung mesthi pinter lan bener
bocah pinter iku durung mesthi pantes dadi conto
bisa uga patrape malab kaya kebo
pinter mluku nggaru
nanging yang gupak blethok aja dicedhaki
aja dirangkul kaya sedulur sinarawedi
yen ora kepengin gluprut
kecipratan lendhut
kejiret rereged
urip dadi bundhet

Model kaya sing tinulis iki, upama diwenehi irah-rahan: Kebo Gupak, wis kena diarani geguritan, ora ketang durung sampurna temenan. Tegese, ing kene wis ana perangan-perangan kang dadi tandha wujude geguritan. Kayata: 1) irah-ahan (judul), 2) nduweni "isi" sing kepengin dikandhakake marang liyan, 3) isi mau mung dijupuk wose lan ora dicritakake wewentehan kayadene dongeng, 4) basane cetha, gampang dingerteni, nanging tegese ora mesthi padha karo apa sing tinulis, 5) nulise dikantheni sanepa, pepindhan, apadene perlambang, 6) anggone ngrakit basa nggunakake guru lagu, wirama, lan wirasa kang jero.

86