Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/13

Kaca iki wis divalidasi

wiji kacang, rabuk, lan obat ama taneman. Kabetahanipún lare sekolah ugi dipun cawisi. Kadosta, potelot, setip, garisan, lan buku tulis. Kabetahaning pawon ugi boten towong. Gampilipun kabetahaning agesang padintenan sedaya wonten.

Pak Pamuji gadhah momongan kalih, kedhana-kedhini. Ingkang ageng jaler, nama pun Teguh Purwadi. Adhinipun estri nama Atik Wahyuni. Teguh Purwadi sekolahipun mempeng, ngertos unggah-ungguh, dhateng kanca semanak, boten sugih ginem, nanging ugi boten amem. Polatanipun tajem, nanging boten nyengit. Pasemon semu sumeh, nanging boten mirah gujengipun. Kengeng kawastanan lare anteng, nanging boten anggak.

Taun punika Teguh Purwadi lulus ujian SD. Bijinipun sae, malah kalebet onjo piyambak.
Tiyang sepuhipun kekalih merdi sanget pasinaoning anak. Anggenipun ngawat-awati saestu, mila wohipun inggih maremaken.

B. Pitakon-pitakon iki wangsulana kang luwes!

  1. Sing dicritakake iku kulawargane sapa?
  2. Kepriye kulawarga mau pamerdine marang putra?
  3. Coba critakna watak-wantune Teguh Purwadi!
  4. Kepriye ujian lan bijine Teguh Purwadi?
  5. Maju mundure pasinaon iku gumantung sapa?

III. Kawruh basa

A. Tuladha:

  1. Tiyang sepuhipun merdi sanget pasinaoning anak.
  2. Tiyang sepuhipun nggegulang sanget pasinaoning anak.

Mbs-1- 11