Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/14

Kaca iki wis divalidasi

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Kecepengipun gegayuhan kedah sarana setiyar.
  2. Mugi-mugi Pangeran Ingkang Maha Agung angijabahi ingkang dados esthining manah kula.
  3. Lare nakal, senengipun ubyang-ubyung, tundonipun badhe rekaos gesangipun.
  4. Pituwasipun lare sregep lan tlatos badhe sekeca gesang ipun ing tembe wingking.
  5. Pamarentah boten kendel-kendel anggenipun mbudidaya ngulir budi ndandosi panggesanganipun rakyat.
  6. Ingkang kula peleng sageda nampi piwulang kanthi patitis.
  7. Ewadene kula boten badhe nglokro, taksih badhe setiyar sadumuginipun.
  8. Tetiyang manca ingkang sami dhateng ing negari kita temtu kasengsem dhateng endahing alam.
  9. Patih Gajah Mada tansah mbudidaya amrih pulo-pulo ing saindenging Nusantara sageda lumebet ing wewengkonipun krajan Majapait.
  10. Sinten kepengin gesang ayem lan tentrem, kedah karem dhateng kesabaran.

B. Tuladha

  1. Pak Pamuji gadhah momongan kalih, kedhana-kedhini.
  2. Pak Pamuji momonganipun kalih jaler lan estri.

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Pak Mantri putranipun kalih, uger-uger lawang.
  2. Pak Ilyas gadhah momongan kalih, kembang sepasang.
  3. Putranipun pak Camat tiga, sendhang kapit pancuran.
  4. Putranipun bulik tiga, pancuran kapit sendhang.
  5. Bapak putranipun gangsal jaler sadaya, tiyang-tiyang mastani pandhawa.

12