Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/16

Kaca iki wis divalidasi

Gawenen kaya tuladha ing: dhuwur !

  1. Nyuwun pangapunten kala wingi kula boten mlebet sekolah jalaran sakit.
  2. Punapa kula kepareng nyathet sapunika, Pak Guru?
  3. Bapak tindak toko mundhut koran.
  4. Lare-lare mbekta pirantos kangge kerja bakti.
  5. Pardi pados genter badhe kangge ngundhuh jeram.
  6. Purwadi menika lare mbangun miturut lan nggega sadaya pitedahipun tiyang sepuh lan gurunipun.
  7. Tanemanipun kates dipun upakara saestu pramila wohipun ndados.
  8. Tiyang sepuh ingkang ngertos tanggel jawab, temtu badhe ndhadha sedaya lepating anakipun.

Keterangan :

"sengit" iku jenenge tembung lingga.
"nyengit" iku diarani tembung bandhahan.
an, ang, any, am iku diarani ater-ater, jenenge ater-ater anuswara.

E. Anak linuwih prasasat tanpa cacad iku diparibasakake “Anak anung anindhita.”

Ukara-ukara ing ngisor iki wacanen sarta satitekna tegese paribasan kang tinulis dhoyong !

  1. Ora-orane watake Diran anggone seneng njejaluk iku bisa mari, awit paribasane wis ciri wanci lelai ginawa mati.
  2. Aja kaya si Hartana kae, watake kadang konang, sing diaku sedulur mung sanak sedulure sing sugih.
  3. Aku ora ngira menawa Mursid karo Saleh iku sedulur tunggal welad, dakkira wong iya jebul sedulur tunggal bapa biyung.
  4. Kuwi jenenge mbidhung api rowang, rewa-rewa aweh pambiyantu, nanging sejatine nedya maeka.