Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/21

Kaca iki wis divalidasi

SMP ngawontenaken testing.
Teguh pancen lare pinter, sregep lan mugen. Salaminipun ngadhepi testing boten nate medal saking griya. Kajawi manawi dipun utus tiyang sepuhipun, Teguh boten suwala, sarwa inggih, boten nyulayani. Makaten punika adamel maremipun tiyang sepuhipun kekalih. Mila, Pak Pamuji sekaliyan saya ketingal gematosipun. Salebetipun Teguh nggentur sinau boten nate dipun srempil baunipun.
Rinten dalu Pak Pamuji sekaliyan boten kendhat anggenipun nyenyuwun nugrahaning Pangeran Ingkang Murbeng Dumadi, pun Teguh sageda kadumugen gegayuhanipun.
Saestu, testingipun Teguh lulus, saged katampi ing SMP I lan ugi ing SMP IV. Purwadi lajeng milih salah satunggal. Sepinten bingahing manahipun Pak Pamuji tuwin ibu, boten kenging kagambaraken. Semanten ugi Teguh Purwadi bingahipun tanpa upami, awit rumaos tampi kanugrahan agung. Tiyang sagriya boten kesupen ngaturaken panuwun dhateng Gusti Ingkang Maha Asih.


B. Pitakon-pitakon iki wangsulana mawa basa krama kang patitis !

  1. Sawise lulus ujian SD Teguh Purwadi banjur kepriye ?
  2. Geneya Teguh Purwadi ndhaftarake ing rong sekolahan?
  3. Geneya SMP nganakake testing ?
  4. Kepriye sinaune Purwadi sajrone ngadhepi testing ? Lan, kepriye tangkepe wong tuwane sakloron ?
  5. Sepira bungahe Pak Pamuji sakulawarga bareng Teguh lulus testinge ?
  6. Pak Pamuji sakulawarga banjur padha ngapa ?


III. Kawruh Basa

A. Tuladha :

  1. Rinten dalu Pak Pamuji sekaliyan boten kendhat anggenipun nyenyuwun nugrahaning Pangeran Ingkang Murbeng Dumadi, pun Teguh sageda kadumugen gegayuhanipun.


Mbs-1- 19