Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/22

Kaca iki wis divalidasi

b. Rinten dalu Pak Pamuji sakalian boten kendel anggenipun nyenyuwun nugrahaning Pangeran Ingkang Murbeng Dumadi, pun Teguh sageda kadumugen gegayuhanipun.


Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Teguh punika lare pinter tur mugen.
  2. Menawi dipun utus tiyang sepuhipun Teguh boten nate suwala.
  3. Makaten punika adamel maremipun tiyang sepuhipun kekalih.
  4. Pamedalipun sakedhik nanging dipun gemeni, mila gesangipun ketingal ayem lan tentrem.
  5. Sampun wongsal-wangsul kula emutaken, nanging boten ngrewes.
  6. Pak Taru taberi ngolah sabinipun, pramila sanajan boten wiyar pamedalipun cekap kangge gesang tiyang sabrayat.
  7. Pak Dhokter tlatos sanget anggenipun ngupakara pasienipun.
  8. Anggenipun momong anak tilaranipun sedherekipun gematos sanget, boten beda kaliyan pangemongipun dhateng anak-anakipun piyambak.


B. Tuladha :
Teguh punika lare pinter tur mugen, dene pun Juned bodho tur kesed nyambut damel.

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Duryat punika lare andhap asor, dene adhinipun.......
  2. Wasis majeng pasinaonipun, dene Muhtar radi ...........
  3. Siti punika tangkepipun dhateng sinten kemawon semanak, beda sanget kaliyan mbakyunipun, tiyang-tiyang sami mastani.......



20