Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/29

Kaca iki wis divalidasi
W U L A N G A N III


I. A. Pacelathon iki tindakna !

Dadi Murid SMP
Teguh : "Dhik, dhik, bapak apa wis kondur?"
Atik : "Durung ki, Mas. Kok nggoleki bapak ana apa ta ?"
Teguh : "Iki lho, arep ngaturke layang saka sekolahan karo nyuwun tapak asta."
Atik : "Apa ta sing ditapakastani ?"
Teguh : "Iki apa, tata tertib karo blangko-blangko katrangan liyane."
Atik : "Thik werna-werna ya, Mas, sing kudu ditapakastani bapak. Sing maringi tata tertib iki gurumu ta, Mas ?"
Teguh : "Iya. Ning guruku ora mung siji. Akeh, Tik."
Atik : "Lha nek mulang piye, Mas, guru kok akeh kuwi. Nek guruku mung siji kok, Mas. Sing mulang klas papat nggonku Pak Tohar, klas papat sijine Bu Ninik."
Teguh : "Bener, Tik, kandhamu. Ana SD guru siji mulang saklas, mulange werna-werna, Matematika, IPS, Bahasa Indonesia lan liya-liyane."
Atik : "Ing SMP rak ya ngono ta, Mas ?"
Teguh : "Ora, Tik. Sing mulang IPS mung mulang IPS thok, ngalih-ngalih kelas. Saka kelas siji A ngalih menyang kelas siji liyane. Saben 45 menit salin wulangan, salin sing mulang."
Atik : "Nek ngono guru siji sok mulang nganti limang kelas ya, Mas ?"
Teguh : "Iya, malah sok luwih. Ning, mulange ajeg. Yen IPS ya IPS thok, yen Matematika ya Matematika thok."

Mbs-1- 27