Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/31

Kaca iki wis divalidasi

Pinten-pinten dinten punika wucalanipun dereng jangkep, saweg gangsal jam sedintenipun. Awit, bapak-bapak lan ibu-ibu Guru taksih kedah nata samukawis. Para murid kelas satunggal taksih perlu ngiseni blangko warni-warni, sumerep dhateng pranataning pamulangan lan sapanunggilanipun.
Makaten ugi para guru perlu ndhawuhaken kabetahanipun murid ingkang kedah enggal cumawis, kadosta : buku-buku, pangangge seragam, sepatu olahraga.
Sadaya wau pamrihipun namung murih lampahing pasinaon aged rancag, boten konggreh-onggreh ing bab warni-warni.

Kabetahaning murid mekaten pancen kathah lan warni-warni, kala-kala adamel ngrenggiyeg lan mbentoyongipun tiyang sepuh. Nanging, tumrap tiyang sepuh ingkang mersudi dhateng pasinaoning putra, babagan punika sanes prakawis ingkang awrat. Jer, sedaya wau pancen dados tanggel jawabipun tiyang sepuh. Jer basuki mawa beya.


B. Pitakon-pitakon iki wangsulana kang luwes abasa krama !

  1. Ing pamulangan anyar iki Purwadi dadi apa ?
  2. Geneya kanca-kancane padha milih dheweke ?
  3. Apa anyaran mlebu sekolah wulangane wis ganep ? Geneya kok ngono ?
  4. Murid-murid kudu yasa apa ? Critakna!
  5. Murid-murid anyar kuwi disumurupake marang apa? Apa pamrihe ?


III. Kawruh Basa

A. Tuladha :

  1. Teguh Purwadi saestu klebet ing SMP.
  2. Teguh Purwadi saestu ketampi ing SMP.

Mbs-1- 29