Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/32

Kaca iki wis divalidasi

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Ngajengaken inggah-inggahan Ranta sakit ngantos kalih wulan, pramila ing pungkasaning taun kepeksa boten minggah.
  2. Sinaunipun dipun peng saestu, mila bijinipun boten nate kawon kaliyan kanca-kancanipun.
  3. Jalal saestu ketampi ing SMP, ndadosaken bingahipun Pak Abdullah sakukuban.
  4. Tiyang seneng udur punika pituwasipun namung badhe nebihaken pasedherekan.
  5. Kamardikan punika sarana ingkang sakalangkung premati kangge nggayuh masyarakat ingkang tata tentrem karta raharja.
  6. Kombul-kombulipun negari Majapait punika kala jumenengipun Sang Prabu Hayam Wuruk.
  7. Sok sintena kepengin gesang sekeca boten kenging ajrih ing pakewed namung wani ing gampil.
  8. Ingkang dereng nate ngraosaken gesang wonten ing dhusun, angel sagedipun ngentha-entha ayem lan tentremipun dados tiyang tani.
  9. Tiyang kemproh punika adhakanipun gampil kambah ing sesakit.
  10. Blanja semanten kathahipun mangka namung kangge gesang tiyang kalih, lah inggih mubra-mubru.

B. Tuladha :

Teguh Purwadi punika lare grapyak, menawi pinanggih mitranipun temtu ngrumiyini aruh-aruh.

Ukara-ukara iki isenana tembung kang cumawis ing sisih tengen !

  1. Pak Harda punika watakipun . . . . ., boten purun tepang kaliyan tangga tepalihipun.

drengki

30